Rabu, 10 Juni 2020

MADEGKE SANGGAR SASTRA JAWA "PRESAJA GK"

DENING : ENI SETYOWATI, S.Pd.

Alhamdulillah, Bapak Drs. Wiyana,M.Pd. kang ngesuhi ( ketua 1) Sanggar Sastra Budaya Jawa "Presaja GK " ing Gunungkidul, wus nyerat ing Harian Yogya " Jagongan " ngepyakake Madegke Sanggar Sastra  Jawa ing tlatah Bumi Handayani, Gunungkidul.




Seratan Pak Wi ingkang dimuat wonten ing Harian Jogja, Rabu, 10 Juni 2020



Para piyayi kang nylirani tindak ing parembugan Jonge
Saka kiwa - nengen (Ibu Rita, Ibu Rini, Bpk Bambang, Bpk Wiyana, Bpk.Tupanto, Ibu Sulis, Ibu Puji )


Saka kiwa manengen ( Ibu Rita, Ibu Eni, Ibu Sulis, Bpk.Bambang )

" PRESAJA GK " singkatan saka tembung Paguyuban Remen Sastra Jawa Gunungkidul. Yaiku paguyuban utawa pakumpulan  saka para piyantun kang remen utawa nduweni kawigaten marang sastra budaya  jawa ana ing tlatah Bumi Handayani, Gunungkidul, Ngayogyakarta. 

Presaja GK, kacetuskake dening sawijining dwija kang remen nyerat cerkak , cerpen, lsp kang asring ngrenggani koran kedaulatan Rakyat Minggu, kalawarti Joko Lodang, lsp, aran Ibu Rita Nuryanti ingkang pidalem ana ing Perumahan Puri  Handayani Blok C no.6 Ledoksari RT 08 RW 07 Kepek, Wonosari, Gunungkidul 55813. 

Parembugan cilik nalika iku Ibu Rita Nuryanti klawan  bapak Drs.Wiyana,M.Pd. ingkang pidalem ing Semanu, uga salah sawijining dwija ing SMA 1 Semanu, kang uga panyerat  ( penulis ) ing koran-koran harian basa Indonesia lan basa jawa.

Sujarah Madegke Presaja GK

Presaja GK madeg dina Selasa legi, tanggal 9 Juni 2020. Alamate ana ing Jalan Semanu - Giripanggung Km.01,Kecamatan Semanu Kabupaten Gunungkidul. Kode pos 55893.

Dene kang anjalari paguyuban Presaja GK madeg amarga ana kaprihatinan saka komunitas cilik pandhemen lan panggaut bab kasusastraan Jawa ing tlatah Gunungkidul. Rasa prihatin mau amarga ndelokake lan ngrasakake uripe sastra jawa ing tlatah Gunungkidul iki durung sakmestine. 
Alasan liya amarga kanggo mujudake kepinginan urun rembug, ambyur lan melu ngleluri , memetri uga nuwuhake lan ngrembakakake sastra Jawa ing tlatah Gunungkidul.

Paguyuban cilik yaiku saka grup WA kang anggotane ana 8 piyantun temen prihatin karo uripe satra jawa ing tlatah Gunungkidul , amarga keponthal saka daerah-daerah utawa kabupaten liya ing laladan Ngayogyakarta iki. 
Dene kabupaten liya kayata Kotamadya, Sleman, Bantul, Kulonprogo wus nduwe / anggadahi papan kanggo para pendhemen sastra lan budaya jawa. 

Nalika wulan Januari tahun 2020, ana sawetara dwija / guru-guru kang ndherek pepanggihan kang dianakake dening Dinas Kabudayan utawa kundha kabudayan Gunungkidul. 

Ing sajroning patemon kuwi nduweni rencana / angkah nganakake lomba nembang macapat tingkat SMP se-Gunungkidul. 

Patemon kuwi sajak bisa nggawa angin kang sumilir kanggo uripe sastra jawa ing Gunungkidul. Mula Ibu Rita Nuryanti, salah sawijining dwija kang kebak patuladha awit sigrak lan trengginase ing babagan sastra jawa, ngetokake panguneg-unegke supaya kundha kabudayan Gunungkidul anyengkuyung kanggo madegke sanggar sastra jawa ing Gunungkidul. 

Kapinginan utawa gegayuhan kang dingendikakake dening Ibu Rita Nuryanti disaguhi dening Kundha Kabudayan. Banjur didawuhi nggawe daftar jeneng-jeneng anggotane lan bakal diundang ana ing patemon-patemon sabanjure.  

Pungkasan wulan Januari daftar / data anggotane sanggar kapasrahake dening Ibu Rita Nuryanti. Dijanjeni seminggu jarene bakal diundang. 

Kanyata tekan tanggal 11 Februari durung ana kabar. Ibu Nuryanti nanjihake lewat WA. Wangsulane kundha kabudayan " Taksih pelatihan ibu, samangke kula kabari,"

Ibu Rita kang dadi cucuking lampah nunggu lan nunggu kanthi kasabaran kang luwih ananging ora ana kabar. Mula ati wus ora sranta maneh. Paguyuban cilik mau banjur njenggirat, menyat, ngadeg bebarengan kanthi satuhu. Ora perlu njagakake endhoge si blorok, kuwi paribasane. 

Pungkasane, dina Selasa Legi, tanggal 9 Juni 2020 , paguyuban cilik kang kaimpun saka wolu piyayi kuwi mau padha ngumpul rembugan. Arepa anggota paguyuban cilik mau ana wolu cacahe, ananging sing siji ora isa nekani menyang Telaga Jonge Semanu amarga ana kepentingan . 

Patemon kang dislirani dening pitu piyayi mau ngepyakake madege sanggar sastra jawa ing Gunungkidul kanthi aran "PRESAJA GK " ( Paguyuban Remen Sastra Jawa Gunungkidul ). 

Dene para paraga kang ngedekake sanggar sastra jawa yaiku 

1. Drs. Wiyana,M.Pd. ( Ketua 1 )
2. Rita Nuryanti, S.Pd. ( Ketua 2)
3. Bambang Suharnanto Susila,S.S. ( Sekretaris )
4. Dra. Puji Hariningsih ( Bendahara )
5. Sulistyarini,S.Pd. ( Humas )
6. Tupanto,S.Pd. ( Pembina )
7. Dra. Rini Astuti ( Pembina )
8. Eni Setyowati, S.Pd. ( Pembina )

Asile patemon Presaja GK disarujuki ngenani :

1.Ngengrengan nerbitake kalawarti / majalah kanthi 
   aran Gumregah.
2. Penerbitan kalawarti per semester ( 6 sasi pisan )
3. Rencana nganakake patemon saben telung sasi          sepisan .
4. Patemon 3 sasi pisan yaiku wulan Maret, Juni,            September, Desember.
5. Terbite kalawarti  Gumregah  wulan Juni lan              Desember .
6. Bab-bab liyane kayata AD/ART, bea ( dana ),            pengayom, anggota, kegiatan lan liya-liyane, 
    bakal dirembug sabanjure. 

Kegiatane Presaja

Dene kegiyatane Presaja yaiku ngomong-ngomong babagan sastra lan budaya jawa. Dene kang ngisi kegiyatan utawa narasumbere yaiku para anggota lan kanggo anggota saran sambatan utawa gotong royong uga andum ilmu / nularake ilmu. 
Kang nganakake yaiku paguyuban cilik mau 8 piyayi ( pengurus ).Dene papanne pindah-pindah.

 Asile kang digayuh :

- materi ( ilmu pengetahuan ) awujud makalah
- awujud karya sastra esai, geguritan, cerkak, lan 
  liya-liyane.

Tujuwan :

-ing pangajab bisa nyetak para sastrawan-sastrawan 
 jawa mudha ing tlatah Gunungkidul.
-gegayutan karo SSJY, BBY, kundha kabudayan   kabupaten lan uga propinsi.

Lan Alhamdulillah menapa ingkang dipun awiti lan dipun gebrak dening Ibu Rita Nuryanti lan rencang sedaya sampun pikantuk trontong-trontong saking piyayi kundha kabudayan Ngayogyakarta kanthi dipun tampi ngengrengan ingkang sampun Ibu Rita Nuryanti kintun. 

Matur nuwun Ibu Rita ugi rencang sedaya awit pangurbanan wekdal, tenaga, penggalihan ugi pambudidayanipun saengga saget nitisaken sanggar sastra lan budaya jawa ing Gunungkidul.

Nyuwun panyengkuyung ugi donga pangestu saking sedaya pandhemen sastra jawa ing kukuban Gunungkidul , mugi upiya madegaken Sanggar Sastra Jawa Persaja GK menika lancar, kalis ing rubida,  nir ing sambikala, saengga saget nderek hangleluri sastra budaya ing tanah jawi. Nuwun


Gunungkidul, Rabu Pahing, 10 Juni 2020

5

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...