LOMBA SESORAH BAHASA JAWA TINGKAT KECAMATAN ,SABTU, 22 APRIL 2017
TEMA : KARTINI MASA
KINI, YANG CERDAS DAN MANDIRI
(IRAH-IRAHAN : KARTINI WEKDAL PUNIKI INGKANG WASIS LAN
MANDHIRI )
KASUSUN DENING : ENI SETYOWATI, S.Pd.
Assalamualaikum
warohmatullohi wabarakatuh,
Nuwun, Sugeng enjang /
sugeng siang, Bapak Ibu Dewan Yuri Lomba Sesorah Basa jawi ingkang
kinabekten, saha para rawuh ingkang dahat kinurmatan.
Ingkang sepisan, langkung rumiyin sumangga kita memuji
wonten Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking keparengipun paring
karohmatan dumateng kita sedaya, saengga kita tansah ginanjar kawilujengan,
saget makempal wonten ing wekdal punika.
Kaping kalihipun kawula ugi ngaturaken matur nuwun
sanget dumateng panitia pengetan dinten Kartini tingkat UPT PAUD lan SD Kecamatan Karangmojo, ingkang
sampun paring wekdal dumateng kawula saperlu ngaturaken sesorah kanthi
irah-irahan “ Kartini Wekdal Puniki
Ingkang Wasis lan Mandhiri “
Ingkang
salajengipun kawula ugi nyuwun pangapunten ingkang ageng awit sampun nggempil
kamardikan panjenengan, para rawuh sedaya.
Bapak
ibu para lenggah ingkang minulya,
Pengetan dinten Kartini ingkang dipun adani tanggal 21 April saben taunipun dening sedaya
masyarakat, kantor-kantor, saha dinas pamarintah, kagungan makna ingkang ageng
dumateng kita sedaya , mliginipun kagem kaum wanita.
Pengetan
menika kangge mengeti dinten wiyosipun salah satunggiling putri ingkang anggadahi, kagungan ati, manah ingkang
suci lan luhur, injih menika asma Raden Ajeng Kartini ingkang miyos tanggal 21
April tahun 1879, wonten ing kutha Mayong tlatah Kabupaten Jepara, Jawa Tengah.
Ramanipun asma RM. Adi Pati Arya Sasradiningrat, bupati ing Jepara. Ibunipun
asma Ngasirah, setunggiling wanodya
saking kawula alit, kawula biasa. Tanggal 8 November 1903, R.A. Kartini nikah
kaliyan Raden Tumenggung Arya Jaya Adiningrat , bupati ing Rembang. RA Kartini
nalika semanten awit kepengin majengaken kaumipun ngripta pustaka ingkang judul
‘ Habis Gelap Terbitlah Terang , menawi
dipun jawaken “ Bar Peteng Trus Padang “
Para
lenggah ingkang dahat kinurmatan,
Cita-cita, pepinginan RA. Kartini injih menika
mbudidaya emansipasi ( pembebasan) kagem kaum wanita, kersanipun seimbang , selaras hak-hak antawisipun kakung
saha putri. Sinaoso awrat
perjuanganipun RA. Kartini nalika semanten, ananging awit pambiyantu kaliyan
dukungan saking rencang-rencangipun, sedherek-sedherekipun, ugi garwanipun, RA.
Kartini saget majengaken kaum wanita kanthi ngedekaken pawiyatan-pawiyatan
putri , sinaoso dereng trep dereng jumbuh
kaliyan cita-citanipun / pepinginanipun RA Kartini.
Para
lenggah ingkang minulya,
Ing titi wanci punika , kathah cara ingkang dipun tindakaken
kagem mengeti dinten Kartini antawisipun ngagem ampilan adat jawa. Amrih
lestantunipun ageman adat tradisional negara kita mliginipun jawa. Ananging
ampun ngantos kita namung menggalihaken sanggul, kebaya kemawon wonten ing dinten Kartini punika.
Para
lenggah ingkang kinurmatan,
Bilih sejatosipun, intinipun ,injih menika RA Kartini
ingkang sampun nyetusaken,ngrintis emansipasi kaum wanita, penyetaraan gender
kagem kaum wanita sejati. Ananging sinaoso
mekaten , perjuangan RA Kartini mboten ateges badhe nyaingi kaum pria
kaliyan ngesampingken kewajiban-kewajiban, tugas-tugas pokokipun setunggaling
wanita utawi kaum wanita . Amargi kaum wanita lan kaum pria menika sampun
anggadahi kodratipun piyambak-piyambak lan ugi kagungan peran piyambak-piyambak
wonten ing gesang menika. Piyambakipun
bener-bener wanita ingkang anggadahi ati, manah ingkang suci, anggadahi
cita-cita ingkang luhur kagem kemajenganipun wanita ing negari Indonesia menika.
Mila
para lenggah sedaya,
Sumangga pengetan dinten Kartini menika kita dadosken
semangat, kekiyatan,kita dadosken landesan kagem kita mliginipun kaum wanita
Indonesia kangge mlampah wonten ing gesang salajengipun . Kangge nderek
nyengkuyung pembangunan negari kaliyan bangsa kita. Menawi kita penggalih
kanthi wening, hikmah , inti perjuangan RA Kartini menika sejatosipun
perubahan. Kaum wanita kedah dados sosok, ingkang langkung sae kanthi saget
nguasani, pirsa bab ilmu pengetahuan lan teknologi ingkang saget dipun udi
wonten ing pawiyatan-pawiyatan.
Sumangga kita
tansah dados Kartini-Kartini masa kini , Kartini-Kartini wekdal puniki ingkang
wasis lan mandhiri, kanthi cara makarya, ngudi ngelmi, ngabekti dhateng kakung lan putra putri , tetulung
dateng sesami, ngibadah dumateng Gusti kanthi ati/ manah ingkang tulus lan suci.
Para lenggah
ingkang kinurmatan, sawetawis menika sesorah ingkang saget kawula aturaken
wonten ing ngarsa panjenengan sedaya. Sakderengipun kawula pungkasi kawula
badhe nyekar sesarengan kaliyan panjenengan sedaya. Kersanipun mboten sepaneng, manah kita radi
adem ayem makaten, Ananging nyuwun pangapunten suwanten kula mboten sekeco menawi
dipun mirengaken. Menika mangke wonten pakar-pakaripun nyekar Pak Slamet, Pak
Sadipan ingkang langkung pirso paugeran-paugeranipun.
Mangga nyekar Gambuh sesarengan.Sekar Gambuh menika
kawula serat kalih ( 2 ) pada, kanthi adedasar paugeran-paugeran sekar macapat
injih menika nggatosaken guru wilangan lan guru lagunipun. Sumangga para rawuh.
Gambuh
Para kanca sedulur
Mangga-mangga kita sami ambyur
Nglestantunken budaya ing tanah Jawi
Mrih dados budaya luhur
Misuwur pantes cinonto
Pra
kanca ya dha jujur
Mrih uripe
tentrem tan cinatur
Mugi-mugi
tansah binerkahan Gusti
Lurus
lempeng dha lumaku
Dimen
anak putu nyonto
Salajengipun
kawula ugi badhe maca geguritan, kanthi irah-irahan jaman iki wis banget tuwa ingkang dipun ripta
dening Turiyo Ragil Putra. Kawula remen
sanget kaliyan geguritan menika , amargi maknanipun ageng sanget dumateng kita
sedaya. Wosipun ngengetken dumateng kita bilih kemajengan jaman ingkang
sakmenika sampun canggih , ananging ampun ngantos nilaraken paugeran-paugeran aji,
pitutur-pitutur luhur tinggalan para leluwur. . Sugeng angresepi geguritan menika :
Jaman Iki Wis Banget Tuwa
Karipta dening : Turiyo Ragil Putra
Ngger, anakku
Jaman iki wis
banget tuwa
Kabudayan wis
rontang ranting
Subasita mung
kari crita
Aja maneh sinom,
dhandhanggula utawa gambuh
Salarik guritan
wae wis ora ana sing nggape
Kejaba kerlap
kerlipe lintang , ing langit kana
Kang setya
ngrenggani sepine wengi
Binareng
angambare cempaka sari
Wis ora ana tembang
kinanthi
Sing biyen
tansah methuk eseme rembulan
Nalika
bocah-bocah dolanan jamuran
Wis ora ana ,
ngger
Kejaba swara
tangis,
saka pang-pang
lan godhong mlathi
Sing dumadakan
ceblok
Tanpa daya
ngrungkebi bumi
Jaman iki wis
banget tuwa, anakku
Aja ngimpi,
tembang guritan ngrenggani taman
Bocah angon
galik-galik kekidungan.
Mbok
bilih cekap semanten ingkang saget kawula aturaken , wonten tata basa saha
kirang ing subasita, sakestu kawula nyuwun samodra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamulaikum warohmatullohi wabarakatu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar