Minggu, 05 April 2020

KUMPULAN GEGURITANKU "WELING SINANDHING"

KUMPULAN GEGURITAN BASA JAWA :

KARIPTA DENING : ENI  SETYOWATI

1. PITUTUR
2. SARANA GURIT
3. WULAN NDADARI
4. KORONA JRONING GAMBUH
5. PITEDAH
6. BASA JAWA
7.VIRUS SASTRA JAWA
8. WISIK GISIKING WENGI
9. KASATYANE DWI SINTA
10. HANOMAN
11. LELAGON MATON 1
12. LELAGON MATON 2
13. LELAGON MATON 3
14. SAKDERMO TITAH
15. GURIT GUMANTINE WARSA
16. GUMBREGAN
17. AYO MANUNGSA
18. BEKSAN JAWA
19. AJINING JIWA
20. AKU ORA KELANGAN






Pitutur 

Karipta dening : Eni Setyowati


Para kanca sedulur
Mangga-mangga kita sami ambyur
Nglestantunken budaya ing tanah Jawi
Mrih dados budaya luhur
Misuwur pantes cinonto

            Pra kanca ayo padha  jujur
            Mrih uripe tentrem tan cinatur
            Mugi-mugi tansah binerkahan Gusti
            Lurus lempeng dha lumaku
            Dimen anak putu nyonto

Mendhem jero mikul dhuwur
Ngendhikane para leluhur
Dadya putra tansah tuhu lan ngabekti
Mring utamaning pitutur
Laku santun andhap asor

                                                                                    Gunungkidul,  Maret 2019



Sarana Gurit

Karipta dening : Eni Setyowati


Sarana gurit … .
Kang rinakit
Ambabar jiwa
Angambar sukma

Sarana gurit … .
Kang rinakit
Anggawe  atiku linempit
Mring godaning urip
Ameper hawa nepsu
Ambangun tumataning laku
Anggelar hayuning qolbu

Sarana gurit … .
Kang wus rampit
Muga dadya sarana
Anggayuh jantraning urip
Dadya sarana anggon kita
Angalembana ing Ngarsa
Kang Maha Kuwasa

                                                                                    Gunungkidul,    Maret 2019


Wulan Ndadari


Karipta dening : Eni Setyowati


Wulan andadari … .
Sumunar endah cumlorot
Ing lingsir wengi iki
Suara jangkrik
Lan kewan-kewan wengi
Anggawe atiku
Samsaya pingin  memuji
Mring Ngarsane Gusti
Kang Maha Suci
Jalaran aku bisa nekseni
Mring Agunging karyaning Ilahi
Kang nora bakal bisa kawilang
Dening dirji-driji iki

            Wulan ndadari … .
Sunarmu mertandani
Yen Kang Maha Ngayomi
Tansah madangi
Pepeteng jiwa lan ati


            Wulan ndadari … .
            Tekamu kebak piweling aji
            Kanggo pepenget umat ing bumi
            Supaya tansah eling lan nastiti
            Nyepakke sangu kanggo alam mburi
            Kang mesthi bakal kinanthi
            Kabeh antuk janji pepati
            Wus sinerat ing kitab suci
            Tanpa kinira amarga winadi
            Saking Gusti
Kang Murbeng Dumadi

                                                                        Gunungkidul,    Maret 2019



 “ Korona Jroning Gambuh “
Dening : Eni Setyowati

Warta kang lagi mumbul
Sajroning masyarakat kacatur
Anggawe udreging kahanan nagari
Kasebut  korona virus
Sumebar saka Tiongkok
Korona iku virus
Kang anggawe umyeking pangrungu
Mula kudu njaga dhiri uga lathi
Aja dha kakehan wuwus
Ujar kang pantes cinonto
Korona iku tatu
Kang nilas ing sajroning pandulu
Katon welo akehing banten pepati
Mangga kita sami guyup
Tansah asih asuh among

Korona iku mungsuh
Anggawe kahanan sarwa  kisruh
Mula kadang ayo padha meper ati
Njaga kawruh ingkang jumbuh
Ngugemi warta sayektos
Gunungkidul, Sabtu legi, 21 Maret 2020

***


   PITEDAH

Dening : Eni Setyowati

Aja dha kakean wegah
Mundak awakmu lungkrah
Aja dha kakean polah
Mundak uripmu pating blengkrah
Aja dha kakean trekah
Mundak  rezekimu nora berkah
Aja dha kakean slewah
Mundak  atimu kemramah
Aja dha kakean aluamah
Mundak dongamu nora diijabah
Kita sakdermi titah sawantah
Wus wayahe padha hijrah
Kanthi ati kang sumarah
Kanggo sangu laku ngadep manembah
Mring Ngarsane Gusti  Kang Maha Mirah

Gunungkidul, Kamis kliwon 26 Desember 2019

  Basa Jawa
Dening : ENI SETYOWATI

Basa Jawa kanggo sarana
Sarana ngudar  rasa
Kanthi cara nulis lan maca
ngugemi tata basa
Uga subasita

Basa Jawa kanggo sarana
Sarana mbabar rasa
Ben lega jroning dhadha
Mula para kanca
Ayo tansah  nggegulang basa jawa
Ben sansaya ngrembaka
Mukti kuncara
Dadi kekuwatane  budaya bangsa.

GK, RABU, 1 JANUARI 2020
***





VIRUS SASTRA JAWA

Karipta dening : Eni Setyowati

Virus-virus sastra jawa
Wus wayahe diwenehi hawa
Wus sak trepe dititipi nyawa
Ben dadya sarana anggelar rasa
Ben dadya warangka angumbar jiwa

Virus-virus sastra jawa
Tambaho ngrakut anggonmu sengkut
Mlebu ing sela-selaning jamrut
Jamruting raga, jiwa lan rasa
Dadya  pangendah bawana
Kanggo pangayom , pangayem lan pamrayoga
Agesanging manungsa ing mayapada
Uga  dadya pepadang
Ing tembe ngadep  mring Sang Hyang Maha Wenang
Kanthi  manthering diri lan ati
Linambaran  ajining budaya  jawi
Linandesan  kitab sucining Ilahi

Yogyakarta ( Hotel Neo Awana) ,Rabu, 27 November 2019

$$$$$$$$



WISIK GISIKING RATRI

Dening : Eni Setyowati

Tan krasa ing pangrasa
Rasa kang wengi iki ndadari
Ndadari saka obahing lathi
Satemah nunjem jroning ati
            Atiku wira wiri ..
ing gisiking wengi
            Wengi iki tanpa winates
Antarane raga lan jiwa
Antarane rasa lan sukma
Kang nora bisa ..
Kaucap  ing  kojahe manungsa
Nora bisa kinira ing netraning jalma
Yen wengi iki…
Bakal dadi wengi pungkasan…
 Uga bakal dadi wengi  kawitan…
Kang miwiti lan njalari
Tuwuh prenthule rasa handarbeni
Rasa hangrungkebi
Rasa hanetepi
Rasa hangayomi
Rasa hangleluri
Mring lestarine seni, sastra , basa lan budaya jawi
Kang  migunani lan murakabi
Saengga gawe pepadhang  bawana
bakal moncer sumrambah
Menyang  nagara  manca
Kebak pituduh , piwulang uga patuladha
Lantaran serat panyerat
Rinumat  jroning sastra kanthi murwat
Kanggo medharake  pangalembana
Mring endahing karyaning Sang Maha Panyipta

Yogyakarta( Hotel Neo Awana),  Rabu ratri,  27 November 2019

$$$$$$$$

KASATYANE DEWI SINTA

KARIPTA DENING : ENI SETYOWATI

Dewi sinta
Wus kalakon kadhusta
Kadhusta dening prabu rahwana
Kagawa menyang kraton alengka
Den pengin-pengini gebyaring makutha
Lan akehing raja brana
Uga dadya prameswara
            Ananging dewi sinta
Tetep teguh lan satya
Marang sri ramawijaya
Kang wus dadya gegantilaning jiwa
Dudu lumebering bandha donya
Dudu gumbebyaring tahta
Dudu moncering nama
Dudu dhuwure kasta
Ananging sucining rasa
Weninge jiwa
Tentreme sukma
Ajining raga
Tansah kajaga
Ing telenging atine manungsa

GUNUNGKIDUL, RABU, 1 JANUARI 2020
***

                                                                                         HANOMAN

        Dening : Eni Setyowati
GK, RABU,1 JAN 2020

Wujude wanara
Kethek sekti mandraguna
Kaparingan jejibahan
Dening kang nata
Prabu ramawijaya
Supaya teka ing alengka
Saperlu nulungi dewi sinta

Hanoman  njujug ing taman
Mulat marang kahanan
Ben nora konangan
Ananging hanoman
Bisa karangket lan karungkeban
Dilarak aneng pasowanan
Banjur antuk paukuman
Kaukum  obong jroning latu jilaladan

Hanoman kethek wasis
Banjur mabur pencolothan
Ana sakduwurure wit-witan
Lan wewangunan

Sedyane si rahwana
Durjana kang adigang adigung adiguna
Tan bisa kaleksanan
Amarga kang nora bener
Lan nerak wewaler
Mokal bisa nrajang pager
Pagering bebrayan suci
Kang wus manjer Jroning ati

$$$$$



LELAGON MATON ( 1 )

Dening : Eni Setyowati
(GK, Sabtu Wage  4 Januari 2020)

Siji loro telu
Tangane sedeku
Mirengake bu guru
Menawa didangu

Papat nuli lima
Lenggahe sing tata
Aja padha sembrana
Mundhak ora bisa

Kuwi lelagonku
jaman cilik nalika iku
dituturi dening guru
tetep dumeling neng pangrunguku

enem pitu wolu
ayo padha sinau
aja dha grusa grusu
temen golek ngelmu

sanga nuli sepuluh
greget sing ngangsu kawruh
manteb lan uga jumbuh
apa sing kok gayuh

iku lelagon  maton
dudu gugon tuhon
kanggo urip kang ora waton
ora mung cukup ing pacelathon
ananging kudu dadya pangilon

$$$$$$




LELAGON MATON (2)

Dening : Eni Setyowati
(GK,Sabtu Wage  4 Januari  2020)

Kidang talun
Anak-anak talun
Mil kethemil
Mil kethemil
Si kidang mangani mbayung

Kuwi lelagonku
Jaman mbiyen naliku iku
Kanggo panglipurku
Sangu anggonku turu
Sing dikidungake dening bapakku
Kanthi epek-epek tangan loro
Katangkepke dadi sajodho
Memper sirah kidang
Kang kupinge pating jepaplang
Banjur dijogetke
Katon ayang-ayange
Kasorotan senthir lenga potro
Eneng tembok dumeling pring
Kang dadi pagering papan
Kanggo ngaso
Saka obah mosiking kahanan
Kang tanpa kendho

$$$$$$$



LELAGON MATON  ( 3 )

Dening : Eni Setyowati


(GK, Sabtu Wage 4 Januari 2020)

 Yo pra kanca
Dolanan neng njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelikake aja padha turu sore

Yo pra kadhang
Jagongan wedangan
Nuwuhake rasa ing paseduluran
Guyup rukun ro gegojegan
Ngrembakakke urip padha reruntungan

Kuwi lelagonku
Jaman semana wayah dalu
Tanpa ana rasa ngelu lan nesu
Bebarengan ro kanca padha ngguyu
Ngguyu kang kebak panemu satuhu

$$$$$







SAKDERMO TITAH

Dening : Eni Setyowati
GK, Selasa Kliwon, 31-12-19

Kita sakdermo titah sakwantah
Kang garising urip wus tinatah
Ana ing lauh mahfudte Gusti Allah
Mula kabeh yoga lan wayah
Uripmu aja dha sumlengkrah
Marang pranatan lan paugeran kang wus kaprentah
Ana ing kitab sucine Kang Maha Tinanggenah
Aja dha gampang motah
Aja dha mengangah
Aja padha sak wiyah-wiyah
Aja dha nggedekke aluamah

Ayo padha ngalah
Ayo padha sumarah
Ayo padha manembah
Ngluru jantraning urip kang berkah
Sakeng Ngarsane Gusti Kang Maha Mirah

$$$$$




 GURIT GUMANTINE WARSA

Dening : Eni Setyowati
GK, Selasa Kliwon Wengi, 31-12-19


Dina-dina ing taun - taun kang wus lumaku
Kebak maneka warna kahanan kang kudu kaulu
Saka rasa bungah tekan luruhe waspa pandulu
Saka lelakon kang gawe guyu
Nganti tekan rojah rajihing jiwa raga kang kebak tatu
Datan  bisa kabendu
Jer kabeh mau
Wus dadya kersane kang Maha Winentu

Mapag warsa enggal kang bakal tinuju
Adepana kanthi nastiti seko telenging qolbu
Ben uripmu tansah kalis ing bebendu
Lurus lempeng anggonmu lumaku
Laku  bener aja kasiku

Anggayuh panguripan jatu
Mugi tansah lumintu
Mring anak putu

Den basuki rahayu
Cumanduk warsa pinuju
Kanggo memayu hayuning sarira
Memayu hayuning kulawarga
Memayu hayuning sasama
Memayu hayuning bawana
Tansah nggegulanga endahing sastra
ajining  budaya  jawa
linambaran donga kang tansah rinumpaka
Myang Hyang Maha Kawasa
Datan kendat ratri lan rahina.
$$$$


GUMBREGAN

Dening : Eni Setyowati
GK, Selasa kliwon, 31-12-19

Kembang jambu
Sapine  ben lemu-lemu
Aminnnn
Kembang jarak
Pitike ben tansah ngarak
Aminn
Kembang klapa
Kewane ben rosa-rosa
Aminn
Kembang pring
Dina gumbreg malem jemuah pahing
Aminnn
Kembang tebu
Panene ben tansah lumintu
Aminnn
 Gumbregan….
Dadi pakulinanku nalika jaman semana
Minangka tradhisi jawa kang sansaya  musna
Gumbregan…
Tradhisi jawa kang ngemu patuladha
Sauger manungsa sapata
Kudu tansah asung puja syukur kebak pangalembana
Mring Ngarsane Kang Maha Kawasa

$$$$




 AYO MANUNGSA

Dening : Eni Setyowati
GK, Rabu Legi, 1 -1-20

Ayo manungsa..
Kita padha waskhitha
Ben tinebehno saka bebaya
Kalis ing rubida
Nir ing sambekala

Ayo manungsa..
Padha among raga
Ben tansah gagah pideksa
Ayo padha among jiwa
Ben tinebehna saka dur angkara murka

Ayo manungsa…
Aja padha luruh
Marang samubarang pangluruh
Aja padha ewuh
Ben ra kasatan pakewuh
Aja padha wanuh
Marang samubarang pepacuh
Aja padha mingkuh
Marang sadengah pitudhuh
Ben apa kang mbok gayuh
Urip tentrem lair batin tanpa sampyuh
Mesti bakal rinengkuh

$$$$$


BEKSAN JAWA
Dening : Eni Setyowati
GK, Sabtu Wage, 4-1-20

Angenam raga
Anggelar jiwa
Ambabar rasa
Angayubagya sukma
Angolah raga
Sarana kewese wirama
Angolah jiwa
Sarana luhuring wirasa

Kuwi pratandha
Yen beksan  jawa
Kebak endahing pakarti mulya
Den pantes tinuladha
Dening para yoga
Ngluhurake  moncering bangsa
Sarana ngleluri budaya
Beksa jwa terwaca lan tumata
Misuwur ing nuswantara
Kawentar sakindenging bawana
$$$$$




AJINING JIWA
Dening : Eni Setyowati
GK,Minggu kliwon, 5-1-20

Rasa jroning dhadha manungsa
Sejatine alus tan rerupa
Rasa iku bisa kababar dening basa  lan sastra
Kanggone wong jawa
Rasa iku bisa kawedhar kanthi endahing sastra
Sastra kang rinakit saka ukara-ukara
kebak sanepa, pratandha lan patuladha
Amarga sastra iku bisa ngalusake rasa
Rasa asih tanpa pamrih
Rasa asah tanpa congkrah
Rasa asuh tanpa mingkuh
Rasa asung tanpa nlikung
Rasa among tanpa bombong
Rasa welas linambaran ikhlas
Rasa tepa mring sapadha padha

Ajining jiwa ana ing rasa
jiwaning jawa ana ing sastra lan budaya
Jawaning rasa manekung mring Hyang Kawasa.
$$$$$




AKU ORA KELANGAN
Dening : Enis Setyowati
 GK, Minggu kliwon, 5-1-20

Aku kelangan larikan
Kanggo mbencah kasunyatan
Karo ragamu
           
Aku kelangan ukara
Kanggo sarana angalembana
Endahing jiwamu,

Aku kelangan  basa
Kanggo sarana  ambabar rasa
Marang sliramu,

Aku kelangan kerata
Kanggo lambar lelumban
Mecaki  sukmamu…

Aku kelangan aksara
Kanggo nemoni sliramu …
geguritan

Ananging aku ora kelangan,
Endahing kasunyatan
Mring luhur lan ajining kabudayan
Kang wus nyawiji bebundhelan
Ana jroning ati linambaran
Paugeraning Pangeran
$$$$$








2 komentar:

  1. Wah wong Jawa Tah? Hihih, aku sih bisa ne Cirebonan. Itu juga sikit sikiiiiiit. Hhe

    BalasHapus

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...