Sabtu, 18 Juli 2020

UDAN ING MANGSA KATIGA

DENING : ENIS 

udan kang tiniba
nalika sunar sang surya
wus ngglewang arah pracima
muga dadya pratandha
yen virus-virus corona
bakal gagya lunga
saka bumi nuswantara
lan sakindenging bawana

udan kang dumadakan teka

ing tengahing mangsa katiga
anggawe ayem atine manungsa
anggawe anyep kahanan ndonya
anggawe ayom uripe jalma
anggawe adhem muntabing rasa

udan ing mangsa katiga

muga dadya sarana
ambuka wingiting lelara
lelara kang aran virus corona
bakal kabasuh kanthi sampurna
tamba teka lara lunga
enggal sirna saka ngalam donya
aja mbacut anggawe rubeda
marang sadhengah pranata
kang wus tumata

Udan ing mangsa katiga 

mugya dadya tamba
kanggo ati-ati kang rinujit cidra
kahanan kang kebak tatu angkara murka
bakal sumingkir katrejang udan
kang teka ing mangsa katiga


Kita sadaya jejering manungsa

kudu tansah eling lan waspada 

tindak tanduk adedhasar pranata
tansah linambaran laku utama
ben urip sansaya santosa 
sakiyeg sakeka praya
gegancangan padha makarya
asung bekti darma
mrih tata titi tentrem kerta raharja
kanthi tansah urun pamrayoga
tanpa kendhat asung donga
Mring Hyang Maha Kawasa


(tuking wisik nalika udan deres dina kapungkur )  Gunungkidul, Sabtu Kliwon 18 Juli 2020


2 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...