Jumat, 10 Juli 2020

GEGURITANKU " SARANA GURIT LAN PITUTUR "

Karipta dening : ENIS



Geguritanku kanthi judul " Sarana Gurit lan Pitutur " kang kapacak ing buku antologi " Tilik Wewisik " kang diterbitake dening Kundha Kabudayan ( Dinas Kebudayaan ) Ngayogyakarta Hadiningrat, wulan Oktober 2019.
Muga-muga geguritan iki bisa kanggo tuking wisik ( sumber inspirasi) kagem para maos

" Sarana Gurit "
dening : enis

Sarana gurit ...
Kang rinakit 
Ambabar jiwa
Angambar sukma

Sarana gurit ... 
Kang rinakit
Anggawe atiku linempit
Mring godaning urip
Ameper hawa nepsu
Ambangun tumataning laku
Anggelar hayuning qolbu

Sarana gurit ...
Kang wus rampit
Muga dadya sarana
Anggayuh jantraning urip
dadya sarana anggon kita
Angalembana Ing Ngarsa
Kang Maha Kawasa

( Gunungkidul, Maret 2019 )

***

Pitutur 
dening : enis
( karipta kanggo pentas Ngudar Kawruh Tembang 
ing stasiun TVRI Ngayogyakarta tahun 2018 )


Para kanca sedulur
mangga-mangga kita sami ambyur
Nglestantunken budaya ing tanah jawi
mrih dados budaya luhur
Misuwur pantes cinonto

Pra kanca yo dha jujur
Mrih uripe tentrem tan cinatur
Mugi-mugi tansah binerkahan Gusti
Lurus lempeng dha lumaku
Dimen anak putu nyonto

Mendhem jero mikul dhuwur
Ngendikane para leluhur
dadya putra tansah tuhu lan ngabekti
Mring utamaning pitutur
Laku santun andhap asor

( Gunungkidul, Oktober 2018)

***

GK, 11 Juli 2020

3 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...