Selasa, 14 Juli 2020

NASIB GEGURITAN ING MADYANING SAYEMBARA

DENING : ENIS

Penulis Antologi  Sastra lan Budaya Jawa
Dinas Kebudayaan ( Kundha Kabudayan ) DIY Tahun 2020







foto nalika acara temu sastra para penulis sastra jawa ing Hotel Neo Awana Ngayogykarta, November 2019

Dinten Selasa legi 14 Juli 2020 rasane uga legi /  manis ing jroning atiku, nalika ana warta saka kanca lan uga saka kundha kabudayan Ngayogyakarta. 

Alhamdullillah,Gusti Pangeran , Paduka paring berkah dumateng kawula ing satengahing pandemi virus corona menika.

Injih kanthi lolosipun naskah geguritan lan esai sastra budaya jawa , ingkang kawula kintun dumateng sayembara antologi sastra budaya jawa ingkang dipun biwarakaken ing Kundha Kabudayan(Dinas Kebudayaan) Ngayogyakarta kala wingi wulan Maret 2020. 

Maturnuwun, Gusti Pangeran ingkang tansah Ngesuhi Jagat.
Warta babagan pengumumam kaserat wonten ing : 
https://budaya.jogja.go.id/


Geguritan 1. 
SASMITANE RANGGAWARSITA

Karipta Dening : Eni Setyowati (Enis)

Serat Kalatidha , kaserat
Dening Raden Ngabehi Ranggawarsita
Pujangga panutup
Ing  kasunanan Surakarta
Kalatidha minangka
Pepiling kanggo  manungsa
Pepenget marang panguwasa
Pituduh kanggo ngluru  ajining  raga lan jiwa

Aja mung padha ngendelake bandha
Raga lan gebyaring donya
Ananging kudu tansah milang miling
Mring sadengah piweling
Kinanthenan ati kang dumeling
Bilih sastra utamining sastra jawa
Bisa ngalusake budi lumebering rasa
Nglarasake  endahing seni lan  basa,
Ngresepake budaya lan sastra

Kanggo nggayuh urip prayoga lan santosa
Asung tuladha mring sapadha-padha
Nora mung  ing nuswantara
Ananging uga kuncara
Tekan  manca nagara

Ayo padha ambyur makarya
Ing madyaning olah seni ,basa,
budaya lan sastra
Mligine jawa

Ben tansaya ngrembaka
Ngoyod cinagak prakosa
Tinanem bakuh kukuh laku  utama
Mring jiwane para mudha
Panerus  urip lan mekaring  bangsa.

 Gunungkidul, Jemuwah Legi 27 Desember 2019


Geguritan 2. 
VIRUS-VIRUS  SASTRA JAWA
Karipta Dening : Eni Setyowati (Enis)

Virus-virus sastra jawa
Wus wayahe diwenehi hawa
Wus sak trepe dititipi nyawa
Ben dadya sarana anggelar rasa
Ben dadya warangka angumbar jiwa

Virus-virus sastra jawa
Tambaho ngrakut anggonmu sengkut
Mlebu ing sela-selaning jamrut
Jamruting raga, jiwa lan rasa
Dadya  pangendah bawana
Kanggo pangayom , pangayem lan pamrayoga
Agesanging manungsa ing mayapada

Uga  dadya pepadang
Ing tembe ngadep  
mring Sang Hyang Maha Wenang
Kanthi  manthering diri lan ati
Linambaran  ajining budaya  jawi
Linandesan  kitab sucining Ilahi


Yogyakarta ( Hotel Neo Awana) ,Rabu, 27 November 2019


Geguritan 3. 
WISIK GIZIKING WENGI
Karipta Dening : Eni Setyowati (Enis)


Tan krasa ing pangrasa
Rasa kang wengi iki ndadari
Andadari saka obahing lathi
Satemah nunjem jroning ati


 Atiku wira wiri ...
ing gisiking wengi

Wengi iki tanpa winates
Antarane raga lan jiwa
Antarane rasa lan sukma
Kang nora bisa ...
Kaucap  ing  kojahe manungsa
Nora bisa kinira ing netraning jalma
Yen wengi iki…
Bakal dadi wengi pungkasan…

Uga bakal dadi wengi  kawitan…
Kang miwiti lan njalari
Tuwuh prenthule rasa handarbeni
Rasa hangrungkebi …
Rasa hanetepi …
Rasa hangayomi …
Rasa hangleluri …
Mring lestarine basa, seni,
sastra ,lan budaya jawi
Kang  migunani lan murakabi

Saengga gawe pepadhang  bawana
Bakal moncer sumrambah
Menyang  nagara  manca
Kebak pituduh , piwulang uga patuladha
Lantaran serat panyerat
Rinumat  jroning sastra kanthi murwat
Kanggo medharake  pangalembana
Mring endahing karya 
Sang Maha Pangripta

 Yogyakarta ( Hotel Neo Awana),  Rabu wengi,  27 November 2019

Geguritan 4. 
Gambuh Kanggo Muridku
karipta dening : enis

Pra siswa yo dha nandur
Nandur rasa mring pakarti luhur
Anyingkiri laku nora migunani
Kanggo santosaning qolbu
Jer uripe ayem ayom

Pra siswa yo dha sengkut
Anggonira padha ngangsu kawruh
Migunani tumrap dhiri lan nagari
Bundhelana kanthi bakuh
Nggegulanga aja kendho

Pra siswa yo dha ngluru
Ngluru ngelmu sarana meguru
Kanthi niyat laku ati ingkang suci
Aja sira dha kapincut
Godaning donya kang muspra

Pra siswa yo dha manut
Dadya yoga kang mbangun miturut
Mituruto mring laku dhiri kang aji
Ngedohono pokal angkuh
Uripe bakal kepama

Pra siswa dha mituhu
Ngudi ngelmi lumeber pitudhuh
Lelandesan mring paugerane Gusti
Kanthi ati ingkang kukuh.
Berbudi bawa laksana

Gunungkidul, Kamis kliwon, 26 Desember 2019

Geguritan 5. 
Gambuh Kagem Guru
karipta dening : enis


Bapa lan ibu guru
Laku nira digugu ditiru
Mbabar ngelmu miguna mring para siwi
Kanggo nggayuh urip luhur
Dadya satriyo kang pagon

Pra dwija dha satuhu
Medhar sabda pitutur kang baku
Tutur tinularno mring bebrayan sami
Subasita den winengku
Jujur ujar pacelathon

Pra dwija yo dha mangun
Mangun karya linambar pitudhuh
Ambangun drajating bangsa lan nagari
Adhedhasar budya luhur
Lestari tekan samengko

Gunungkidul, Jemuwah Pon , 3 Januari 2020
$$$$$$

4 komentar:

  1. Maturnuwun mbk atik...amargi sihing Gusti ...

    BalasHapus
  2. Ya ampuunn... Kadang kula menika jebulipun sawijining pujangga modern. Kula srantos malih reriptanipun, mbakyu Enis...

    BalasHapus

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...