Senin, 13 Juli 2020

GEGURITAN : GAMBUH KANGGO MURIDKU LAN GAMBUH KAGEM GURU

DENING : ENI  SETYOWATI


GAMBUH KANGGO MURIDKU

karipta dening : Eni Setyowati

Pra siswa yo dha nandur
Nandur rasa mring pakarti luhur
Anyingkiri laku nora migunani
Kanggo santosaning qolbu
Jer uripe ayem ayom

Pra siswa yo dha sengkut
Anggonira padha ngangsu kawruh
Migunani tumrap dhiri lan nagari
Bundhelana kanthi bakuh
Nggegulango aja kendho

Pra siswa yo dha ngluru
Ngluru ngelmu sarana meguru
Kanthi niyat laku ati ingkang suci
Aja sira dha kapincut
Godaning donya kang muspro

Pra siswa yo dha manut
Dadya yoga kang mbangun miturut
Mituruto mring laku dhiri kang aji
Ngedohono pokal angkuh
Uripe bakal kepomo

Pra siswa dha mituhu
Ngudi ngelmi lumeber pitudhuh
Lelandesan mring paugerane Gusti
Kanthi ati ingkang kukuh
Ngugemi laku sayektos

***
Gunungkidul, Kamis kliwon, 26 Desember 2019





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...