Aku ora kelangan larikan
Kanggo
mbencah kasunyatan
Karo
ragamu
Aku ora kelangan ukara
Kanggo sarana
angalembana
Endahing jiwamu, 
Aku ora kelangan  basa
Kanggo sarana  ambabar rasa
Marang sliramu, 
Aku ora kelangan kerata
Kanggo lambar lelumban
Mecaki  sukmamu…
Aku ora kelangan aksara
Kanggo nemoni sliramu …
 geguritan
Aku ora
kelangan katresnan
mring endahing kasunyatan 
Uga luhur lan ajining
kabudayan
Kang wus nyawiji
bebundhelan
Ana jroning ati , linambaran
Paugeraning Pangeran.
Gunungkidul, Minggu, 2020

Aku ga bs coment..mbk..intine..luar biasa.. Waaw..kereen..
BalasHapusTenan nges
BalasHapusprasaja, ananging mirasa...
BalasHapusingkang renen lare² gegojegan ing drama² alit, sumangga mbikak : https://m.youtube.com/watch?v=c5aBoy8CtYo&t=230s
BalasHapus