Sabtu, 18 Juli 2020

KIDUNG WUYUNG NDUWUR GUNUNG

DENING : ENIS



Binareng swaraning kidung
Tumlawung  ing perenging gunung
Anggawe panglangute rasa wuyung
Kang wus kadlarung - dlarung

Gempung..liwung…
Tanpa petung..
Praopane tansah anggayut mendhung
mega mendhung pating gemulung
Ing langite ati kang nandang gandrung

Tumiba siji - siji waspa kaduwung
Den sida raga anglarung
 mecaki jangkaning wuyung 
kang tanpa juntrung 

kidung wuyung ing duwur gunung
anggrantes ati kang sinarawedi
anjangkah bumi kepati-pati
njajah desa milang kori
tumeka belahing manca nagari
kidung wuyung mbabar ati
ngrenggani urip ing giri bumi  handayani

Gunungkidul, Minggu 19 Juli 2020

4 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...