Senin, 13 Juli 2020

ALHAMDULILLAH " IJO ROYO-ROYO "

karipta dening : enis









Ijo royo - royo
taneman kang tinandur
sarwo tinatur 
ing perangan omah sisih nduwur

mertandakke yen Gusti Kang Maha Pangatur
tansah pinaringan berkah kang tanpa kendur
marang titah ing lemah kang sarwa makmur

Mula gagya kita manungsa asung syukur
aja padha kakehan jantur
ing pangajab urip kita bakal mujur
ing tengahing donya tumeka alam kubur
kanthi berkahing Gusti Kang Maha Ghofur


Gunungkidul, Senin 13 Juli 2020

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSI KELAS E PEMBELAJARAN MENDALAM

REFRESHING  DIRI DAN HATI KELAS E DIKLAT PEMBELAJARAN MENDALAM Oleh: ENIS Pantai Indrayanti : Ekspresi diri dan hati kelas E setelah sekian ...