Selasa, 14 Juli 2020

MBABAR TRISETYA BRATA KANGGO MEMAYU HAYUNING BAWANA LINANDESAN AGAMA


Dening : ENIS



Alhamdulillah Selasa legi,14 Juli 2020  pancen manis rasane kanggo uripku.  Dina iki ana warta kang dak tampa saka Grup Sastra Jawa Gunungkidul babagan sayembara penulis antologi sastra jawa. Naskah Esai Budaya Jawa kang dak kirim , kanthi irah-irahan " Mbabar Tri Setya Brata Kanggo Memayu Hayuning Bawana Linandesan Agama " lolos ing sayembara antologi sastra budaya jawa taun 2020, lan kapacak ing pawarto kundha kabudayan (dinas kebudayaan ) DIY Juli 2020 , Alamat : https://budaya.jogjaprov.go.id/ . 

Uga  kapacak ing Buku Antologi Geguritan kanthi judul "GENDHING MANGUNGKUNG LARAS" kang diterbitake dening Kundha Kabudayan DIY tahun 2020.




MBABAR TRISETYA BRATA

KANGGO MEMAYU HAYUNING BAWANA

LINANDESAN AGAMA

dening : enis

Pambuka

Pamarintah Daerah Istimewa Ngayogyakarta Hadiningrat kagungan Peraturan Daerah nomer 4 Taun 2011, yaiku bab Tata Nilai Budaya Yogyakarta , kang aran Trisetya Brata. 

Trisetya Brata kadadeyan saka tembung tri tegese telu, setya tegese tuhu/temen , lan brata tegese laku ngendaleni dhiri / meper hawa nepsu / tafakur.

Dadi Trisetya brata ateges telung darma bekti / janji / prasetya kang temen / tuhu kanggo ngendhaline dhiri / meper hawa nepsu. Darma utawa bekti iku kudu katindakake kanthi temen-temen / tenanan / tuhu.  

Kanthi cara  paweh pamikiran, tenaga, wektu uga banda / beya dikantheni ati kang  tulus, ikhlas, lila legawa seka prentuling jiwa kanggo nggayuh gegayuhan kang mulya,  laras karo jiwaning manungsa kang lumeber rasa handarbeni, hangrungkebi, hanetepi, hangayomi , lan hamemetri / hangleluri tata nilai budaya ing Ngayogyakarta kanggo memayu hayuning bawana utawa ngemonah endahing donya , nglarasake jatining suwarga.

Trisetya Brata wose yaiku :

1. Rahayuning bawana kapurba kawaskithaning manungsa
2. Darmaning satriya mahanani rahayuning nagara
3. Rahayuning manungsa dumadi karana kamanungsane

Ukara irah-irahan ing nduwur “ Mbabar Trisetya Brata kanggo Memayu Hayuning Bawana Linandesan Agama “ nduweni pangerten utawa makna yaiku mbabar ,ngudar, ngonceki, merdeni , maringi kawigaten marang janji /sumpah / ikrar prasetya ngendaleni laku dhiri / ameper hawa nepsu kanthi temen-temen / tuhu kanggo nggawe endahing / tentreme / larasing urip ing mayapadha / alam ndonya tumekeng ing nirwana / alam akherat.

Trisetya Brata kapisan : “Rahayuning Bawana Kapurba Kawaskhitaning Manungsa”

Rahayuning Bawana Kapurba Kawaskithaning Manungsa, kaperang saka limang tembung yaiku rahayu, bawana, purba, waskitha , lan manungsa.

Rahayu tegese slamet utawa basuki , kalis ing bebaya, adoh seka rubida, nir ing sambekala, uripe adem ayem tentrem ing dhiri pribadi, ing kulawarga, ing madyaning masarakat lan mungguhing nagara lan bawana / ndonya.

Bawana utawa bawono ( basa jawa ) tegese donya sakisine. Maknane ora mung pangerten cara lair ananging uga bathin, ora mung winates ing raga ananging tumekeng sukma utawa jiwa. Miturut filosofine wong Jawa, bawana utawa bawono nduweni telung teges utawa makna  , yaiku :

1Bawono Alit / Ndonya Cilik yaiku dhiri pribadhi lan kulawarga.
2.Bawono Ageng / Ndonya Gede yaiku tangga teparo, masarakat, bangsa lan nagara manca (sakindenging bawana/ndonya internasional ).
2. Bawono Langgeng yaiku alam akherat / alam kalanggengan.

DDene kapurba saka tembung purba oleh ater-ater ka. 
Purba padha karo purwa tegese wiwit / wiwitan/ kawitan.  
Kapurba bisa uga ditegesake gumantung , laras karo maknane ukara kang kaserat.

KKawaskithaning saka tembung waskhita oleh ater-ater  ka lan
ppanambang ning.Waskitha tegese ngerti babagan apa bae, thithi,
ngati-ati, ( Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) online). 

Dadi kawaskithaning tegese ngerti babagan apa bae, thithi, perti/setiti,
nngati-ati / pangati-atine manungsa marang kahanan
kang wus kadadeyan utawa wus kelakon utawa kang durung kedadeyan / durung kelakon.

Manungsa tegese jalma yaiku titahe Gusti Allah kang pinaringan akal
budi.  Saengga manungsa kaajab nduweni laku utama kanthi ati kang
suci. 
SSamubarang tingkah polahe kudu tansah linandesan marang
Kitab Suci , kang wus winahyu marang para nabi kanggo pepadang
lan paugeran manungsa ing bumi. 

Kaya kang sinerat lan sinirat ing tembang macapat Dhangdhanggula
yaiku :

Jroning Quran nggoning rasa yekti
Ananging ta pilih kang uninga
Kajaba lawan tuduhe
Nora kena den awur
Ing satemah nora pinanggih
Mundhak katalanjukan
Temah sasar susur
Yen sira ayun waskitha
Sampurnane ing badanira puniki
Sira anggegurua

Dadi ukara rahayuning bawana kapurba kawaskhitaning manungsa
ngemu makna utawa surasa slamete, ayeme ,tentreme ndonya
gumantung / diwiwiti saka pangati-atine manungsa marang
samubarang kang wus kelakon / kedadeyan utawa kang durung
kelakon/  kedadeyan.

Sesanti uripe wong jawa kudhu tansah jinaga lan di eling-eling
mungguhing :

Ajining dhiri ana ing lathi,
Ajining raga ana ing busana
Ajining bangsa ana ing budaya
Ajining jiwa ana ing agama

Sesanti jawa iku katindakake ana ing alam ndonya bisoa murakabi,
mupangati, andayani kanggone dhiri pribadi, kulawarga, sasama,
bangsa lan bawana , marang sapadha-padha, lan kanggo sangu laku
ing tembe marak sowan marang Kang Akarya Jagad ing suwargaloka

Trisetya Brata kapindho “Darmaning satriya 
mahanani rahayuning nagara”

Darmaning satriya mahanani nagara , kaperang saka limang 
ukara yaiku darma, satriya, mahanani, rahayu, lan nagara.

Dharma utawa darma miturut KBBI ( Kamus Basa Jawa – Indonesia ) saka basa Sansekerta kang ngemu ateges kuwajiban, tatanan,  kabecikan, lan  pitutur.

Darmaning dumadi saka tembung darma oleh panambang ning tegese kuwajiban kang katindaake dening manungsa. Sajroning uripe manungsa nindakake samubarang kegiyatan.

Satriya nduweni teges trahing ratu/ningrat , prajurit/tamtama, utawa pawongan kang nduwe ati becik, jujur lan gagah pideksa, wani nglawan tumindak kang nora bener utawa samubarang kang nerak wewaler / angger-angger.

Dadi bisa rinumpaka yen satriya kuwi kudu nduweni wewatekan  utawa bebuden kang luhur,  jujur, wasis, kendel, njunjung kautaman, andhap asor, berbudi bawa laksana, mikul dhuwur mendhem jero marang warisan lan pituture leluhur,  lan watak wantu kang becik liyane.

Tembung mahanani tegese kang nyebabake/ kang ndadegake. Dene tembung rahayu wus kababar ing ndhuwur.

Nagara utawa negara tegese kutha kang kanggo mapan ratu, pamarintahan. Nagara yaiku salah sawijining pakumpulan masarakat kang manggon ing salah sawijining laladan/ daerah , nganggo panguwasa lan merdika miturut Prof.Mr.Soekarno.

Miturut Prof.Miriam Budiharjo, nagara iku wujude laladan / panggonan kanthi panguwasa kang bisa ndadekkake / nggawe tentreme uripe manungsa bebarengan.

Dadi ukara darmaning satriya mahanani rahayuning nagara ngemu surasa / ateges darma bekti / panyantrene/ pengabdiane pawongan / satriya bakal ndadekke katentremaning nagara. 

Kaya kang karipta sajroning tembang – tembang macapat durma, lan sinom ing ngisor iki :

Durma


Nora mundur para kusuma ning bangsa

Nadyan tekeng ngemasi labuh nagara
Mapan kathah tepa tuladha kang nyata
Wiwit madeging nagri tan ana kang kwasa
Nyata ampuh pancasila
Mandraguna datan anguciwani
Rawe rawe rantas

Sinom

Nuladha laku utama

Tumraping wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinepsu tapa brata
Tanapi ing siang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama

Ambawani tanah jawa

Kang padha jumeneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan lyan trahing senapati
Pan iku pantes ugi
Tinulad labetanipun Ing sakuwasanira
Enake lan jaman mangkin
Sayektine tan bisa ngepleki kuna


Trisetya brata katelu “Rahayuning manungsa dumadi karana kamanungsane”


Rahayuning manungsa dumadi karana kamanungsane, kaperang saka patang   ukara yaiku rahayu, manungsa, dumadi, lan karana. Tembung rahayu lan  manungsa wus kababar ing nduwur.

Tembung dumadi asale saka tembung dadi oleh seselan um , dadi dumadi.. Miturut filosofine wong Jawa ana sesanti “ sangkan paraning dumadi “. 

Saka tembung sangkan ateges asale /sujarahe/ asal usule, tembung paran tegese tujuwan, lan dumadi tegese dadi, utawa kang nyipta / kang ndadekake.   

Sajatine manungsa kuwi kacipta lan mengkone bakal bali maneh marang Kang Nyipta. Jalma manungsa kacipta dening Sang Hyang Maha Pancipta , lan sabanjure bakal marak sowan wonten Ngarsanipun Sang Hyang Maha Wenang.

Miturut kawruh filosofi jawa “ Sangkan Paraning Dumadi “ iku laras karo tetembungan jroning Kitab Suci Al Quran yaiku “ Inna Lillahi wa Inna Ilaihi Rojii’un “ kang nduweni teges “ Saktemene / Sakbenere kita / manungsa kuwi kagungane Gusti Allah lan marang Gusti Allah maneh kita / manungsa bakal bali /mati “.

Tembung karana bisa ditegesi amarga utawa sebab. Ana kukhum sebab akibat ing ndonya iki kang kudu dimangerteni dening manungsa kanthi weninge ati.  

Kang ngemu pangerten yen saben kedadeyan utawa akibat mesti ana mergane, ana sebabe, ana kang njalari . Mula kabeh mau kudu dikundurke marang Ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi .

Kamanungsane seka tembung lingga manungsa. Oleh ater-ater ka lan panambang ne. Suwarna Dwijonagoro ing tulisane kanthi irah-irahan “Rahayuning manungsa  dumadi karana Kamanungsane “ kang kapacak ing Antologi Esai Budaya Jawa Ngarak Wewiyak (  Kundha Kabudayan Daerah Istimewa  Ngayogyakarta tahun 2019 ) nyerat, yen kamanungsane ateges jejering manungsa saha kapribadene kang laras karo drajat ( tedhak turun / trahing ), pangkat ( kalungguhan ), lan semat ( widagda / kapinteran , banda / kasugihan lan sarira / rupa bagus ayu ).

Memayu Hayuning Bawana

Tembung mamayu / memayu saka tembung lingga mayu tegese ayu , apik. Oleh ater-ater am / em dadi mamayu / memayu kang ateges nggawe endah , nggawe apik, nggawe becik.

Hayuning, asale saka tembung hayu ( ayu, endah, slamet ) oleh panambang ning, ateges ayune/endahe/slamete/tentreme. Dene tembung bawana wus kababar ing nduwur .

Dadi memayu hayuning bawana bisa ditegesake  nggawe apik / nggawe tentreming / nggawe endah utawa ngendahke endahing donya sakisine kanthi mujudake ing karya ambangun manungsa dadi kalifah ing ndonya. Nglaraske donya kanthi laku utama. Lakuning jiwa linandesan agama.

Manungsa kudu tansah ngupiya ndhedher kautaman urip ing mayapada nganti tekan alam kelanggengan / nirwana. 
Manungsa kudu tansah nyebar lan nandur kabecikan ing ngendi wae , ing nduwur bawana. 

Saengga ing tembe bakal manen para mudha / pura putra panerus uriping lan mekaring bangsa kang nduweni karakter luhur, kang tansah mikul duwur mendhem jero, kang tansah ngleluri kabudayan aji kanggo ngukuhke jati dhirining bangsa lan nagari.

Kaya kang sinerat lan sinirat ing tembang sinom :

Apan saisining jagad
Saking paduka rumeksa
Mrih hayu amituturi
Punapa tuwan lali
Kalamun janma pinunjul
Liring kang ratsa daya
Tuwan tinitah narpati
Satingkahing bawana tuwan kang molah

Linandesan Agama

Tembung linandesan dasanamane linambaran . Asale seka tembung lingga landes utawa lambar tegese dasar utawa lambar. Oleh seselan in lan panambang an dadi ateges adedasar utawa lambaran .

Agama yaiku kapercayane manungsa marang Dzat Kang Maha Kawasa, Kang Maha Pangripta . yaiku Gusti  Allah Kang Akarya Jagad. Agama bisa kajarwadosokake dadi agemaning sukma / jiwa.

Jumbuh karo tatanan nilai masarakat muslim jawa ( uga ajaran-ajaran kabecikan saka kapercayan liya) kang nduwe ajaran utawa paugeran urip  yaiku  Rohmatan Lil Alamin “.

Yaiku ndadekake rahmat / pangayom lan pangayem ajaran-ajaran Quran  kanggo sakabehing panguripan , laras lan runut antarane raga lan iwa, antarane jasmani lan ruhani kang ora bisa kapisahake. 
Karo-karone kudu tansah dijaga dilarasake karo dayane alam sakisine tumekeng alam akherat.

Falsafahe wong jawa bab tata nilai budaya kang luhur kasebut ing nduwur bakal tetep sempulur lan misuwur saengga bisa memayu hayuning bawana / nggawe tentrem lan endahing ndonya tumekaning akherat. 

Mligine masarakat Daerah Istimewa Ngayogyakarta lan wewengkon sakukubaning.  Warisane  leluhur aran Trisetya Brata lan filososfi-filosofi jawa liyane iku,  ora bakal owah karana ubenging wayah, ora bakal mati karana majuning teknologi.

Kepara  malah  tambah ngrembaka,  kuncara ing laladan nuswantara tumeka ing manca nagara. Nilai-nilai luhur mau laras karo ajaraning agama yaiku habluminannas lan habluminallah. Habluminnanas yaiku ngatur tata cara sesrawungane manungsa marang sakiwa tengene, manungsa marang titahe Gusti liyane arupa satwa lan tetanduran. 

Dene habluminallah yaiku ngatur tata cara sesrawungane , atur panuwun, pangalembanane manungsa marang Gusti Kang Maha Kawasa.

Panutup

Pungkasaning atur, kawruh  sethithik mbabar  filosofine wong jawa mligine prasetyane masarakat Ngayogyakarta, Trisetya Brata bisa andayani lan mupangati . 

Ing pangajab bisa dadi cagaking urip kang bakuh.  Bisa nyangga wangunan kukuh budaya jawa kang mulya.
Dadi sumbering kekuwatan madeging lan mekaring bangsa. 
Sarana Trisetya Brata bisa nyebar laku utama mring sapadha-padha. 

Bisa sumebar, sumrambah kanggo ngayomi lan ngayemi, migunani , murakabi lan andayani sak isineng bawana kanthi rasa ayom ayem, asah, asuh lan asih, uga asung lan among lair batin, jiwa raga, adoh saka bebaya, kalis ing rubida, nir ing sambekala ing mayapada tumekeng nirwana , linandesan Kitab Sucining Ilahi kang kebak paugeraning agesang kang aji. 

Nuwun.

Gunungkidul, Februari 2020
***

Tuking Wisik :
1.      Tata Nilai Budaya Yogyakarta , Peraturan Pemerintah Daerah Istimewa Yogyakarta Nomer 4 Taun 2011 
2.      Pembangunan Jiwo Layang Kalimosodo, Kanjeng Sunan Kalijogo Guru Suci Ing Tanah Jowo, K.H.M.Amin BR ,  Penerbit: CV.Amin, Surabaya, 1981
3.     Tembang Macapat , Pandawa Group, Jawa Tengah , Indonesia
4.  Ngarak Wewiyak, Antologi Esai Budaya Jawa, Dinas Kebudayaan ( Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta, 2019
5.      Kamus Lengkap Bahasa Jawa, Sudarmanto,Drs Penerbit Widya Karya. Semarang ,2008
6.      Wikipedia
7.      www.kompasiana.com



2 komentar:

  1. mboten super mbak atik,,,ingkang super namung pantes kagem Gusti ....kula taksih kedah sinau tersu niki mbak....

    BalasHapus

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...