Sabtu, 12 September 2020

MACAPATAN MEKARSARI KEDAULATAN RAKYAT

 Dening : Eni Setyowati ( Enis )





Kedaulatan Rakyat terbitan Jumat Legi, 19 Juni 2020 ( 27 Sawal 1953 / tahun LXXV No. 253 ), ing rubrik Budaya lan Mekarsari kaca / halaman  17, tak temokke tulisan guritku kanthi irah-irahan " Macapatan " Korona Jroning Gambuh ". kang kapacak sisih ngisor tengen rubrik Mekarsari.

Alhamdulillah, Gusti ," ucapku neng jroning ati kanthi kebaking kabungahan amarga orek-orekanku bisa ngrenggani koran dinan ing tlatah Ngayogyakarta iki.

Gurit kuwi dak susun nalika  wulan Maret, sajroning wabah corona kang lagi regeng-regenge mlebu lan dadi pawarta kang lagi mumbul ing  bumi Indonesia.

Korona Jroning Gambuh 

karipta dening : Eni Setyowati

Warta kang lagi mumbul
Sajroning masyarakat kacatur
Anggawe udreging kahanan nagari
Kasebut korona virus
Sumebar saka Tiongkok

Korona iku virus
Kang anggawe umyeking pangrungu
Mula kudu njaga dhiri uga lathi
Aja dha kakean wuwus
Ujar kang pantes cinonto

Korona iku tatu
Kang nilas ing sajroning pandulu
Katon wela akeh bebanten pepati
Mangga kita sami guyub
Tansah asih asuh among

Korona iku mungsuh
Anggawe kahanan sarwa kisruh
Mula kadang ayo padha meper ati
Njaga kawruh ingkang jumbuh
Ngugemi warta sayektos

***

Gunungkidul, Setu Legi 21 Maret 2020



2 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...