Selasa, 22 September 2020

CERKAK "MEGURU URIPE SEMUT" KEDAULATAN RAKYAT

 DENING : ENI SETYOWATI


Nalika Jumat esuk tanggal 18 September 2020  udakara jam 7.30 an aku wis tekan sekolahan. Omahku mung cedhak karo sekolahan. Penere kulon SD Negeri Wiladeg Karangmojo Gunungkidul, mung let sak omah. Yen mlaku udakara 2-3 menit wis tekan.

Dina Jumat kuwi aku menyang sekolahan kanthi rasa`ati kang ora kaya padatan. Rong dina sakdurunge, mripat kiwaku sisih ndhuwur tansah ndal ndul,keduten ndrindil. Arep ana apa ya? Aku ora patio percaya karo primbon gaweane manungsa. Aku mung percaya karo Gusti Allah. Biasane nggon buku-buku primbon kae komplit penjelasan babagan tandha-tandha perangan awak yen kedutan arep nemoni kahanan apa wae, dijlentrehake kanthi rinik-rinik.

Mung sing tak percaya ki kabeh perangan awake dhewe manungsa kuwi cinipta dening Gusti Kang Maha Akarya. Lan kabeh kang cinipta dening Gusti lan sakabehing kang nyertani iku uga Gusti ingkang paring sasmita lumantar tandha-tandha kaya dene keduten, impen, lan sak panunggalane.

Dina Jumat, nalika aku wis tekan sekolahan, aku kaya padatan, bar nulis absen banjur, nyandhak koran Kedaulatan Rakyat kan wis biasa sumandhing cedhak buku absen. 

Koran Kedaulatan Rakyat tak waca saka ngarep siji mboko siji. Tak delokke irah-irahan kang narik kawigaten. Karo sedhelo-sedhelo ndelokake hape kang ana ing meja sangarepku. Nalika tak buka nggon grup Start , pakumpulan para pandhemen lan pandhiri Sanggar sastra jawa ing Gunungkidul, ana weling mlebu. Bareng tak waca kok ditujokake neng jenengku.

Ora sranta aku banjur mbuka weling mau. Lan , mung syukur karo Gusti Kang Maha Agung, Alhamdulillah cerkakku kang dak kirim sasi Juni kapungkur, kanthi irah-irahan " Meguru Uripe Semut" kanyata dimuat / kapacak ing Rubrik Mekarsari Kedaulatan Rakyat Ngayogyakarta.

"Duh Gusti, namung Paduka ingkang wicaksana ingkang pirso ngenani tandha-tandha keduten wonten ing mripat kawula pinten-pinten dinten kapengker," kandhaku jroning ati. 

Saya kuwat krenteg lan niyatku jroning ati, kawit cilik nduweni gegayuhan pingin dadi pujangga / penulis. Mugi-mugi ing sisaning urip iki , bisa kasembadan apa kan dadi pepinginanku iki. Insya Allah.


Gunungkidul, 23 September 2020


2 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...