KARIPTA DENING : ENIS
Gunungkidul ...
katelah  Bumi Handayani
salah sawijining papan antik ...
ing laladan Kraton Ngayogyakarta
Gunungkidul ...
nduweni tradhisi kang tansah kamemetri
Nduweni giri-giri kang tansah 
setya tuhu mageri bumi
Nduweni papan wisata kang maneka warna
Nduweni dhaharan lokal kang ngangeni 
Nduweni masarakat kang sarwa prasaja
Nduweni mawarni-warnai tata budaya aji 
kanggo
urip lan panguripan kang sarwa andayani.
Dak ripta geguritan iki..
kanggo memetri lan ngleluri 
maneka warna tradhisi 
mawarni tata nilai budaya jawi aji
kang tansah ditaberi lan dileluri 
dening masarakat bumi handayani
mungguhing pra mudha siwi
ing tembe mburi 
kanggo neruske lakuning bumi
nganti tumekeng pati 
Hangrungkebi,
handarbeni, 
handadagi, hanetepi,
lan hangleluri bumi handayani
Asung darma bekti 
mrih mekaring nagari
Sarana tradhisi lan pitutur-pitutur aji 
saka para leluwur adi 
kang laras lan nyawiji
kang laras lan nyawiji
karo paugeraning Gusti
Kang Maha Siji
Kang Maha Siji
muga dadya sarana angumbar rasa
angenam raga, ambabar jiwa,
anggelar budaya saengga bisa
kanggo amemayu hayuning sarira,
amemayu hayuning kulawarga, 
amemayu hayuning sasama, 
amemayu hayuning nagara lan bawana
kanthi linandesan paugeraning agama
Kang wus tumata dening Kang Maha Akarya
**
Gunungkidul, Jumat Pahing 14 Agustus 2020


Iki sing dakanti
BalasHapusReroncening tembung kang kebak isi lan naluri
Wujudibg sucining dhir
Negeri nuswanrara iki
Kita melu andharbeni
Aja lali ya iki
Sing dakduweni
Lestari nuswantara salaminya....
Gunung kidul handayani
Terus berkarya jeng enis
MATURNUWUN MAS SENO...SUKSES SELALU KAGEM PANJENENGAN UGI
Hapus