Kamis, 06 Agustus 2020

NGUDAR KAWRUH TEMBANG MACAPAT GAMBUH SD N WILADEG ING STASIUN TVRI YOGYA

DENING : ENIS
















Kegiyatan Ngudar Kawruh Tembang SD Negeri Wiladeg Karangmojo nalika shooting ing Stasiun TVRI Ngayogyakarta wulan Februari  taun 2019 kapungkur. Kegiyatan Ngudar Kawruh Tembang iku diadani dening Stasiun TVRI Ngayogyakarta bebarengan karo Dinas Pendidikan Kabupaten Gunungkidul, lan kabupaten-kabupaten liyane ing laladan DIY iki.

Dene Kabupaten Gunungkidul, antuk bagiyan babagan Ngudar Kawruh Tembang. Saka Dinas Pendidikan Kabupaten Gunungkidul, ana 3 SD kang didhawuhi nylirani yaiku SD N Wiladeg Karangmojo, SD N Wonosari 1, SD N Klampok, kanggo maju ngisi acara ana ing Stasiun TVRI . Dene SD N Wiladeg antuk undian Ngudar Kawruh Tembang Macapat " Gambuh ". 

Sakdurunge Ngudar Tembang saka SD N Wiladeg, diwiwiti kanthi tarian saka SD N Wiladeg .Dene saka SD N Wiladeg ngetokake katrampilan beksan kang karipta lan kabimbing dening Ibu pelatih nari saka Nglipar kang karya-karyane wus kaping 3 bisa antuk juara tekan kabupaten lan maju neng propinsi . 

NGUDAR KAWRUH TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Penanggung jawab    ( Ibu Supriyatun,S.Pd.,M.M.)                       
Penasehat  ( Bapak Jumbadi,S.Pd.)
Pangripta naskah lan pembimbing ( Ibu Eni Setyowati, S.Pd.)
Para paraga :Lintang , Nia, Roro, Kia, Firdo
Panyengkuyung : para dwija ( bapak ibu guru) , karyawan/karyawati lan warga ageng SD Negeri Wiladeg

- Musik Intro : tembang dolanan " Te Kate Di Panah "(rampag, rancak )

Te Kate di panah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhe-ondhe
Mbok Sri Bombok Mbok Sri kate
Mbok Sri Bombok Mbok Sri kate

- Para pasarta lungguh ing kursi kang wus cumawis
- Sakbare pambiwara TVRI yaiku Mas Angger ndhawuhi, rombongan saka SD N Wiladeg banjur ngadeg, siyap-siyap ngudar tembang.

Tembang Gambuh
( karipta dening : Eni Setyowati )

Para kanca sedulur
Mangga-mangga kita sami ambyur
Nglestantunken budaya ing tanah jawi
Mrih dados budaya luhur
Misuwur pantes cinonto

Lampahing carita " Ngudar Kawruh Tembang Gambuh "


Lintang :( mlaku wira wiri, thingak thinguk sajak gumun karo celathu) : " Biyuh-biyuh.. iki ki papan opo yo? Eeee, kanca-kanca, dha mreneo too!

Nia,Roro,Kia,Firdo : (padha nyedhaki Lintang karo guneman ) : Ana apa to,,Tang ? Kok, gumun temen !.

Lintang : " Iki lhoo, lurr, kok akeh men piyayi , agemane apik-apik. Trus kuwi lhoo lampune pating clorot, jian apik, tenan ..iki..

Nia : Wis-wis Tang, mengko maneh sing gumunan. Tak kandani to, ngendikane Bu Guru iki jenenge gedung stasiun TVRI Ngayogyakarta. Sakiki kowe antengo sik yo, aku tak matur ana ngarsane para rawuh sik !"

Nia : Sugeng sonten bapak ibu para rawuh, para pamirsa, sutresna ingkang kinurmatan, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Mugi-mugi kita sedaya tansah binerkahan dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Ndherek nepangaken, kula sak rencang para siswa saking SD Negeri Wiladeg Karangmojo, ingkang wonten ing tlatah Kabupaten Gunungkidul,

Sowan kula sak rencang wonten papan punika badhe ndherek anyengkuyung lan nglestantunken kabudayan jawi, sarana Ngudar Kawruh Tembang Macapat, injih menika Sekar Gambuh Laras pelog Pathet enem, ingkang karipta dening Ibu Eni Setyowati, S.Pd.

Wondene para paraga injih menika kula piyambak , Nathania Artya Stevani ( Nia), Lintang Cahyaningtyas ( LIntang ), Roro Lintang Carisa Dwinanti ( Roro), Hizkia Pratelaning Sih Mirma ( Kia), lan Firdo Joan Christian ( Firdo ).

Sugeng mirsani lan sugeng midhangetaken. Sumangga

Banjur para paraga bebarengan ngucapke yel-yel : SD negeri Wiladeg Jaya !!!

Lintang : Kanca-kanca, terangane awake dhewe sakiki wis tekan stasiun TVRI Ngayogyakarta. Ben cucuk anggone awake dewe mrene, ayo sakiki awake dhewe padha nembang Gambuh, idhep-idhep karo ndherek nyengkuyung nglestarekke budaya jawa.

Nia , Roro, Kia, Firdo : yoooo, ayooo

Lintang : Tak abani yo, siji, loro, telu ....

Nia,Roro, Kia,Firdo lan Lintang padha nembang bareng kanthi greget lan rampag/rancak.

Nia : para kanca, awake dhewe wis nembang, saikik ayo padha diudar, dionceki, digoleki tegese saben sak gatra. Sakiki seka Lintang.

Lintang : Gatra kapisan yaiku para kanca sedulur. Tegese yaiku para kanca, kadang sedulur kabeh ing ngendi wae, kang mapan ing sadengah panggonan

Nia : gatra kapindho yaiku " Mangga-mangga kita sami ambyur". Tegese yaiku ayo padha bebarengan, awake dhewe melu ambyur, utawa sengkut, tenanan anggone melu nyengkuyung.

Roro : gatra katelu yaiku Nglestantunken budaya ing tanah jawi. Tegese yaiku nglestarekke utawa nguri-uri kabudayan jawi sing ana ing tanah jawa iki.

Kia : Gatra kaping papat yaiku "Mrih dados budaya luhur". Tegese yaiku supaya dadi budaya warisan kang luhur utawa becik.

Firdo : Dene gatra kalima utawa pungkasan ing tembang Gambuh iki yaiku ing mengkone utawa ing tembe mburi, kabudayan jawi iki bakal kondhang , kawentar, misuwur, dimangerteni sapa wae. Ora mung wong-wong ing bumi nuswantara, ananging sumebar, sumrambah marang manca nagara. 

Wong-wong manca nagara uga bakal ngerti lan nyinau budaya kita, budaya jawa ingkang pantes diconto . Amarga budaya jawa iki kebak piweling kang apik utawa suci utawa luhur.

Nia : Makaten Ngudar Kawruh Tembang Gambuh ingkang saget kula sak rencang aturaken. Mbok bilih wonten pitakenan saking rencang-rencang  SD sanes, wekdal kula sumanggaken. Sumangga. 

SD N Wonosari 1 : Sugeng siyang Mbak Roro, kula badhe tanglet / nyuwun pirso, sekar Gambuh menika watakipun kados pundi jih ?

Roro : OO, injih , Sekar Gambuh menika watakipun grapyak, semanak, sumadulur, cocok kangge pitedah, utawi pangertosan sarta ngandhut raos remen. Kados pundi Mbak Wenda, sampun mangertos ?

SD N Klampok marang Kia : Sugeng siyang Mas Kia, kula ugi badhe tanglet utawi nyuwun pirso, datheng Mas Kia. Sekar Gambuh menika setunggal pada wonten pinten gatra, jih, Mas Kia ?

Kia : Matur nuwun pitakenanipun Mbak Laras. Sekar gambuh menika setunggal pada wonten gangsal gatra utawi gangsal larik.

Lintang ( takon marang SD N Wonosari 1) : Sugeng siyang, Mbak Lilok? Ingkang asmanipun Mbak Lilok ingkang pundi jih ? Mbak Lilok, kula badhe nyuwun pirso, menapa werdinipun cakepan Dewonoto menika, menapa  jih Mbak Lilok ? Matur nuwun

Firdo ( takon marang SD Klampok ) : Sugeng siyang, Mbak Adis.  Kula badhe tanglet / nyuwun pirso kaliyan Mbak Adis. Sekar Pocung menika kalebet sekar menapa jih ,  Mbak Adis ? Matur nuwun. 

Nia ( pambiwara ) : Makaten wau Ngudar Kawruh Tembang Macapat Gambuh, ingkang saget kawula sak rencang aturaken wonten ngarsanipun para pamirsa sedaya. Nyuwun pangapunten ingkang ageng menawi wonten klenta klentuning atur lan kekiranganipun.

Nia, Lintang, Roro, Kia, Firdo ( kanthi bebarengan ) : Matur nuwun!!!


Kasemat ing Blog , Kamis Wage 6 Agustus 2020






1 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...