Jumat, 11 Juni 2021

PATI

PATI 


DENING : ENI  SETYOWATI


Pati ... 

Prastawa punika sampun pinesthi 

Sedaya titah ing sanginggiling bumi

 badhe anglampahi

Sedaya titah badhe anemahi

Amargi sampun sinerat wonten Kitab Suci

Pinangka takdir saking Gusti 

Ingkang Murbeng Dumadi


Salebetipun  Quran Suci

Sinerat ayat Innalillahi

sakjatosipun kita sedaya kagunganipun Gusti

Wa inna Illahi Rojiun amungkasi

bilih wonten Ing Ngarsanipun Gusti ugi 

kita sedaya badhe tinimbali


Pati ...

Pepesthi ingkang mboten saget dipun singkiri

Mboten saget dipun mangertosi

mboten saget dipun candheti

mboten saget dipun entosi

wonten ing sadengah papan ugi kahanan badhe kaleksanan yekti

icalipun ruh saking badan ragawi


Pati ...

pinangka satunggaling prastawa

ingkang kedhah dipun tampi kanthi lila legawa

Pramila para kadang sedaya

Sumangga kita samya anggegulang jiwa

ing madyaning yuswa ingkang taksih kajiwa

kanthi memetri ugi nyinandhi

panuntun-panuntun aji

linandhesan paugeranipun Gusti 

Ingkang Maha Suci


***

BUMI HANDAYANI, SETU WAGE, 12 JUNI 2021

tabuh 10.00


2 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...