Rabu, 16 Juni 2021

VIRUS SASTRA JAWA



VIRUS -VIRUS  SASTRA  JAWA

Dening : Eni  Setyowati (Enis)

( Lolos sayembara sastra budaya jawa taun 

2020 lan kapacak ing buku antologi geguritan KIDUNG KARANGKITRI  Kundha Kabudayan Ngayogyakarta taun 2020)


Virus-virus sastra jawa

Wus wayahe diwenehi hawa

Wus sak trepe dititipi nyawa

Ben dadya sarana anggelar rasa

Ben dadya warangka angumbar jiwa

 

Virus-virus sastra jawa

Tambaha sengkut anggonmu ngrakut

Mlebu ing sela-selaning jamrut

Jamruting raga, jiwa lan rasa

Dadya pangendah bawana

Kanggo pangayom ,pangayem lan pamrayoga

Agesanging manungsa ing mayapada

 

Uga dadya pepadang

Ing tembe ngadep mring Sang Hyang Maha Wenang

Kanthi manthering diri lan ati

Linambaran ajining budaya jawi

Linandesan kitab sucining Ilahi ...

Yogyakarta ( Hotel Neo Awana) ,Temu Sastra, 

Rabu, 27 November 2019








2 komentar:

  1. Alhamdulillah semakin eksis. Saya bangga dan terharu.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Amin...makasih bunda kanjeng...terus belajar ini bun....sukses selalu utk bunda ya

      Hapus

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...