Jumat, 11 Juni 2021

CANCUT TALIWANDA, BUMIKU HANDAYANI


CANCUT TALIWANDA,BUMIKU HANDAYANI

DENING : ENI SETYOWATI


Cancut  taliwanda ...

pinangka sesanti ambalwarsa

Kabupaten Gunungkidul ingkang kinarsa

Bumi Handayani sanginggiling arga


Cancut taliwanda ...

gumregut sengkut Gunungkidul samya makarya

sadaya warga saiyeg saeka praya

samya asung bekti darma

Amrih tata titi tentrem kerta raharja

rahayu nir ing sambikala


Mugi Bumi Handayani

tansah pinaringan lan binerkahan dening Gusti

ing sedaya sedya tuwin panjangka


Cancut taliwanda ...

Sugeng ambalwarsa bumi Dhaksinarga

Ingkang kaping satus sangang dasa 


Cancut taliwanda ...

Arak-arakanipun arga ing iring dhaksina

mugi tansah amaesi bawana

kanthi tambahipun yuswa 

Mugya samsaya angrembaka 

wonten ing rasa, cipta lan karsa

ginelar sedaya upaya

angleluri luhuring budaya

kagem pager jati dhirining bangsa

Angambar aruming bangsa

Kinanthen  puja puji ugi donga ingkang rinumpaka

Asmanipun Pangeran tansah kajiwa

ing telengipun nala

**

Bumi Handayani, Kamis Pon 27 Mei 2021

( kaserat ing satengahing angayahi jejibahan ngawasi ASPD BK ing SD Bendungan II , Karangmojo)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

P3 PGRI CABANG KARANGMOJO "TANGGUH"

 P3 (PERTEMUAN PERDANA PENGURUS)  PGRI  CABANG KARANGMOJO PASCA PELANTIKAN Foto-foto Rapat Perdana Pengurus Baru PGRI Cabang Karangmojo Rabu...