Senin, 12 April 2021

ROMADHON JRONING GAMBUH


 DENING : ENI SETYOWATI ( ENIS)


Kadang mitra sedulur

Mangga kita samya asung syukur

Manembah mring Ngarsa Gusti Maha Siji

Ngibadah kanthi satuhu

Kinanthi manah sayektos


Manungsa yo mituhu

Dhawuh Gusti Kang Maha Winentu

Mrih uripe ayom ayem jroning ati

Tinebih saking bebendu

Tumata kanthi prayogo


Wulan siyam lumaku

Adhedhasar paugeran baku

Kaparentah saking Gusti Maha Suci

Kabeh mau wus tinemu

Sajroning kitab Al Furqon


***

Bumi Handayani,Selasa Wage tabuh 05.00

13 April 2021

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...