Kamis, 08 April 2021

GURIT : "KIDUNG GUNUNG"

 Karipta dening : Enis


Kidung mangungkung

mecaki perenging gunung

tumlawung angambar wuyung

rinumpaka gegayuhan agung

kanthi laras kang landhung


kidung gunung

amaesi ron-ron aking mentiyung

kang sakiki wus katon ngrembuyung

ledhung-ledhung

kang sarwa sinengkuyung


Kidung gunung 

kang seba sakdawane lurung

mugya bisaa andayani gurung

kanthi petung kang kudu tansah amemayung

ngumanthi berkahing Gusti Kang Maha Agung

mugi tansah jinangkung

kanthi larase kidung gunung

***

Gunungkidul, Jemuah Kliwon esuk 

tabuh 07.00, 9 April 2021


RIWAYAT PANYERAT

Eni Setyowati , kalairake ing  Gunungkidul  23 November 1972 saka Alm.Bapa Sulardi Dwija Suprapto (pensiunan kepala sekolah dasar) lan Ibu Muryatni (ibu rumah tangga ). Nduwe putra 2 kang dadi geganthilaning ati, Erwin Kundya Yoga Perdana,S.T. lan Erlinda Qurota Ayunnin

Kawit cilik demen maca, nulis lan nglukis. Gegayuhan kawit cilik pingin dadi sastrawati / panyerat. Sakiki yuswa wis ngancik surup , greget lan gumregah nulis maneh.Pustaka -pustaka kang wis kasil ditulis 30 buku antologi ,10 buku tunggal, lan tulisan-tulisan kang melu ngrenggani ariwarti lan kalawarti daerah. 

Sesantine “urip iku urup”. Wektu iki ndarmabektike ilmune ana ing SD Negeri Wiladeg Karangmojo Gunungkidul. Bisa ditemoni ing setyowatieni.blogspot,com , email :esetyowee@gmail.com , Hape : 082226041222





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...