Kamis, 08 April 2021

GEGURITAN : BUMI HANDAYANI , ANDAYANI BUMI

Karipta dening : ENIS

Yogya lantai  loro

wong-wong padha nyebut mangkono

marang laladan Gunungkidul kang sansaya monjo

Gunungkidul minangka salah sawijining papan antik

 saka kraton  Ngayogyakarta kang sarwa klasik

 

Gunungkidul nduweni sesanti

Yaiku Handayani

Papan iki nduweni kaendahan alam kang pantes sinawang

 Nduweni budi pakarti kang edipeni

 Nduweni tradhisi kang tansah kamemetri

 Nduweni giri-giri kang tansah setya mageri bumi

 Nduweni papan wisata kang maneka warna

 Nduweni dhaharan lokal kang ngangeni

 Nduweni masarakat kang sarwa prasaja

 Nduweni mawarni –warni aji tata budaya

kanggo urip lan panguripan kang sarwa andayani

 

Bumi Handayani tansah asung leladi

memetri lan ngleluri maneka warna tradhisi

 mawarni tata nilai budaya jawi aji,

kang tansah ditaberi dening masarakat bumi handayani

mungguhing pra mudha siwi

ing tembe mburi kanggo neruske lakuning bumi

 nganti tumekeng pati

 

Hangrungkebi, handarbeni,

handadagi , hanetepi,

hangleluri bumi handayani

urun darma bekti mrih mekaring negari

 

Mugi Bumi Handayani

Tansah andayani bumi

Sarana tradhisi lan pitutur-pitutur aji

kang nyawiji lan laras karo paugeraning Gusti Kang Maha Siji

 

Muga dadya sarana angumbar rasa ,angenam raga

 ambabar jiwa,  anggelar budaya

saengga bisa kanggo amemayu hayuning sarira

 amemayu hayuning kulawarga,

amemayu hayuning sasama,

amemayu hayuning nagara lan bawana

kanthi linandesan kitab sucining Gusti Kang Maha Akarya

**

Bumi Handayani, Kamis Wage wengi, 8 April 2021

 

RIWAYAT PANYERAT

 

Eni Setyowati , kalairake ing wewengkon Gunungkidul nalika 23 November 1972 saka Alm.Bapa Sulardi Dwija Suprapto (pensiunan kepala sekolah dasar) lan Ibu Muryatni (ibu rumah tangga ).Nikah karo kakak tingkat nalika kuliah ing Fakultas  sastra UNS. Diparingi putra 2 kang dadi geganthilaning ati, Erwin Kundya Yoga Perdana,S.T. lan Erlinda Qurota Ayunnin

Kawit cilik demen maca, nulis lan nglukis. Gegayuhan kawit cilik pingin dadi sastrawati / panyerat. Nate kuliah ing jurusan sastra Jawa UNS, Solo.Taun 2000 lulus saka jurusan Teknologi Pendidikan FIP UNY Ngayogyakarta.Tahun 2020 lulus saka S1 PGSD UT Ngayogyakarta.

Sakiki nalika yuswa wis ngancik surup , greget lan gumregah nulis maneh. Ana kurang luwih 30 pustaka antologi bareng para pandhemen literasi saka wewengkon nuswantara. Uga tulisan-tulisane wis kasil dadi kurang luwih 10 pustaka tunggal. Lan tulisan-tulisan liyane melu  ngrenggani ariwarti lan kalawarti daerah.

Paugerane urip muga bisa dadi manungsa kang muginani tumraping wong liya “urip iku urup”. Wektu iki ndarmabektike ilmune ana ing SD Negeri Wiladeg Karangmojo Gunungkidul. Bisa ditemoni ing setyowatieni.blogspot,com , email :esetyowee@gmail.com , Hape : 082226041222

2 komentar:

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...