Sabtu, 10 April 2021

GAMBUH GUNUNGKIDUL

 KARIPTA DENING : ENI SETYOWATI



Las kinubengan watu/ Alas kubengan watu

uga papan  adoh saka ratu

aran Gunungkidul bumi handayani

ciri khase Gunungkidul

kawentar thiwul lan gathot


Gunungkidul misuwur

papan antik kang ana ing dhuwur

ndhuwur giri-giri kang mageri bumi

sakiki sarwa pinunjul

ngugemi budya sayektos


Gunungkidul wus sepuh

umur satus sangangpuluh taun

sarwa sarwi daerahe andayani

jroning ati dha manungkul

mring Gusti Maha Pengayom


**

Gunungkidul, Minggu Pahing esuk tabuh 05.00, 

11 April 2021



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BUNGA RENGGANIS, MANIS

  BUNGA RENGGANIS, MANIS oleh : Enis Bunga rengganis ?? Apakah betul tanaman ini namanya bunga rengganis? Nama rengganis dari tanaman ini di...