Kamis, 24 November 2022

DWIJA JRONING GAMBUH

Karipta Dening : Eni Setyowati (Enis)
Bapa lan ibu guru
Laku nira digugu ditiru
Mbabar ngelmu miguna mring para siwi
Kanggo nggayuh urip luhur
Dadya satriya kang pagon

Pra dwija dha satuhu
Medhar sabda pitutur kang baku
Tutur tinularna mring bebrayan sami
Subasita den winengku
Jujur ujar pacelathon

Pra dwija gagya ngluru
Ngluru ngelmu kangge sangu laku
Mbabar yekti kamajuan teknologi
Mrih mampangate tinemu
Kangge gesang ayem ayom

Pra dwija yo dha mangun
Mangun karya linambar pitudhuh
Ambangun drajating bangsa lan nagari
Adhedhasar budya luhur
Rinaket Gusti Pengayom 

 **
Gunungkidul, Jemuwah Pon , 3 Januari 2020



4 komentar:

  1. Monggo sami mangun karya langgeng sangu urip teng dunya lan akhirat

    BalasHapus
    Balasan
    1. injih Bunda Kanjeng, matur nuwun, aminn...sukses, sehat selalu kagem bunda kanjeng sekeluarga

      Hapus
  2. Manteb Bu. Matur nuwun. BW nggih.

    BalasHapus

PGRI CABANG KARANGMOJO "MENULIS"

AYO, MENULIS! EniS Sumber gambar : JurnalPost Bulan Oktober adalah bulan yang istimewa karena bulan Oktober dikenal juga sebagai bulan bahas...